Jumat, 30 April 2010

Nemokake Driver Kanggo Unknown Devices

Minangka pengguna Windows, mbokmenawa ana sing nate mrangguli hardware utawa perangkat keras sing ora ana driver-e. Iki bisa dipriksani kanthi mijet tombol Windows ana keyboard karo Pause/Break utawa mlebu Control Panel lan milih Device Manager, kekarone bakal munculake jendela kaya gambar iki:
Unknown Device ana ing Device Manager


Yen kita nambahi piranti anyar ing komputer, kita bakal weruh driver sing cocok kanggo piranti kasebut senajan Windows nyebutake minangka Unknown Device. Nanging yen kita masang/nginstall Windows kanthi clean install (nginstall Windows ing harddisk kosong utawa kanthi nglakokake format harddisk dhisik), isa uga kita ora nemokake driver sing cocok kanggo piranti kasebut.

Kanggo mrantasi masalah kaya ngene iki, kita bisa nggunakake software UnknownDevices kanggo nemokake driver sing cocok ana Internet. Software iki nglaporake informasi ngenani hardware kita amrih gampang anggon kita nggoleki drivere.
Informasi kang disedhiyakake UnknownDevices
Software iki disedhiyakake gratis dening sing ngembangake, versi paling anyar nalika aku nulis iki yaiku versi 1.5 kang bisa didownload ana link iki.

Senin, 22 Maret 2010

Sony Corp. Mbatalake Somasi Marang Sony AK

Isih kelingan somasine Sony Corp. marang Sony AK to? Pungkasane, Sony Corp. mbatalake somasi masalah jeneng domain blog kawruh duweke Sony AK kasebut. Sony Corp. Jepang kanthi resmi wis nyabut somasine, mengkono manut sing dikabarake detikinet. Asile, jeneng domain sony-ak.com tetep bisa dienggo dening kang ndaftarake pisanan, yaiku Sony AK.


Kaputusan kuwi wis ditandatangani tanggal 19 Maret 2010 dening pihak Trademark Sony Corp. ing Jepang. Kanthi kaputusan iki, muga-muga Sony AK luwih sregep anggone andum kawruh marang pengunjunge.

Minggu, 21 Maret 2010

Ubuntu 10.04 Lucid Lynx Beta Wis Isa Dicoba

Gambar Ubuntu lagi booting
Kira-kira wis akeh para pamaos Blog Jawa wis nate krungu sistem operasi Ubuntu. Kanggo sing durung weruh, Ubuntu iku salah sijine sistem operasi kanggo nglakokake komputer, sing isih kagolong sistem operasi Linux. Sistem operasi liyane sing kerep dienggo yaiku Microsoft Windows, Mac OS, lan sapanunggalane.

Ubuntu, seje karo Windows lan Mac, disedhiakake gratis dening Canonical Ltd. Software kang bisa dilakokake karo Ubuntu cukup pepak, kayata OpenOffice kanggo gantine Microsoft Office, Gimp sing bisa digunakake kanggo ngolah foto kaya Adobe Photoshop, utawa Inkscape minangka gantine Corel Draw.

Nganti dinane iki Ubuntu wis teka versi 10.04 sing dijenengi kanthi kode Lucid Lynx. Sistem operasi iki dianyari saben nem sasi pisan, sing adate dirilis ing sasi April (sasi 4) lan Oktober (sasi 10). Mula saka kuwi angka versi Ubuntu mesthi nganggo buntut .04 utawa .10, kaya kang uwis-uwis yaiku versi 9.04 (Jaunty Jackalope) lan 9.10 (Karmic Koala). Versi 10.04 iki kalebu versi Long Term Support (LTS), yaiku versi sing didukung nganti biasane 2 taun suwene, dibandingke karo versi biasa sing rata-rata 6 sasi.

Ubuntu dijenengi mawa kode, yaiku susunan saka tembung sifat (Lucid, Jaunty, Karmic, lsp.) lan jeneng kewan (Lynx, Jackalope, Koala, lsp.). Ubuntu minangka turunane Linux, mujudake distro (distribusi) Linux kang paling populer. Saliyane Ubuntu, pamaos uga bisa nyoba OpenSUSE, Mandrake, Knoppix, lan isih akeh maneh distro liyane.

Para pamaos ana kang nduwe pengalaman nganggo Ubuntu kanggo diaturke kancane? Mangga didum pengalamane ana kene.

Nuwun.

Senin, 15 Maret 2010

Sony Corp. Ngajokake Somasi Marang Sony AK

Sakkc_logo.gif
Blog Sony AK
Kabeh para tamu Blog Jawa mestine wis padha wanuh marang Sony Corp., yaiku perusahaan elektronik asal Jepang sing produk elektronike wis sumebar ing saindenging ndonya. Wiwit saka tivi, tape/radio, handycam, VCD, DVD, lan sapanunggalane, rata-rata saben omah ing Indonesia iki nduweni produk saka Sony Corp. iki.

Kabar keri-keri iki martakake menawa Sony Corp. dinane iki lagi ngajokake somasi marang Sony Arianto Kurniawan, uga dikenal kanthi jeneng Sony AK, amarga nduweni website sing alamt URL-e diklaim Sony Corp. memper-memper karo website duweke Sony Corp. Website duweke Sony AK kuwi, ana ing http://www.sony-ak.com, saktleraman pancen rada memper karo http://www.sony.com. Nanging ing ndonya digital beda sak aksara rong aksara wis ora kena diarani padha, amarga komputer ora bakal kleru ngliwati jalur alamat kaloro-lorone iku mau.

Pawarta ing Kompas ngandhakake menawa Sony Corp. wis kebacut ngajokake somasi marang Sony AK. Jeneng Sony mbokmenawa ana atusan utawa malah ewonan ing Indonesia, durung ana negara liyane. Apa maneh somasine Sony Corp. kuwi mau nganggo dhasar pelanggaran hak cipta. Sakngertiku, jeneng wong kuwi ora ana hak ciptane. Dadi yen Sony AK nduweni alamat web www.sony-ak.com, kang uga njupuk saka jenenge dhewe kuwi, ora ateges nglanggar hak cipta. Wong sing dienggo ya jeneng-jenenge dhewe.

Liya urusane menawa Sony AK kuwi mau nggunakake alamat website-e kanggo madhani website duweke Sony Corp. sing isa mbingungake konsumen-e Sony Corp., kuwi jelas ngganggu lan ngrugekake bisnise Sony Corp. Alamat website Sony AK kang dienggo blog dening kang nduweni kuwi isine pengetahuan kanggo umum lan ora ana gandheng cenenge karo bisnise Sony Corp. Dadi manut panemuku minangka wong awam hukum, Sony Corp. ora ana dhasar kanggo ngajokake somasi marang Sony AK.

Para pamaos ana panemu liya? Mangga ditulis ana kene.

Nuwun.

Senin, 08 Maret 2010

Internet

Apa ta sejatine internet iku? Manut ensiklopedi bebas Wikipedia versi Jawa, internet (cekakan saka tembung inter lan network) iku artine rerangken komputer sing kaubung ngliwati sawetara rerangken. Dene menawa tembung internet kuwi ditulis sarana migunakake aksara I gedhe/murda, yaiku Internet, ateges rerangken komputer kuwi mau kaubung sacara global saindenging donya.

Internet wiwit ditepungi sacara komersil ing tahun 1990-an. Kanthi sarana Internet, para pengguna bisa kirim-kiriman layang migunakake electronic mail utawa sing asring disingkat e-mail. Internet uga bisa digunakake kanggo sarana golek informasi lan pawarta.

Amarga saka akehe informasi sing sumebar ana Internet, para pengguna mbutuhake piranti kanggo nggoleki informasi tartamtu. Piranti iki diarani mesin pencari utawa search engine. Salah sijining search engine sing populer lan gampang panganggone yaiku Google, cukup ngetikake tembung kunci ing kotak teks ana google.com, search engine kasebut bakal menehi link-link tumuju papan panggonan informasi sing dibutuhake.

Saliyane kanggo sarana golek informasi, Internet uga bisa digunakake kanggo sarana nulisake ide lan pikiran kaya liwat blog iki. Cukup akeh perusahaan sing nyepaki sarana nge-blog kanthi gratis tanpa mbayar, kayata blogger.com lan wordpress.com.

Internet pancen migunani kanggo sapa wae sing bisa manfaatake. Nanging, kaya piranti apa wae sing bisa mbiyantu uripe manungsa, manfaate piranti iki uga gumantung marang sapa sing migunakake lan tujuane. Ora sithik wong kang nyalah-gunakake Internet kanggo tujuan golek mangsa, apus-apus, lan nyebar isu/fitnah. Minangka wong Jawa sing andhap asor lan ngurmati marang liyan, tamtu kita ora bakal nindakake kang kaya mangkono mau, ta? Mangga kita gunakake Internet kanthi sehat lan bener.

Nuwun.

Tulisan Kapisan

Tulisan iki, sarujuk karo sesirah ing dhuwur, minangka tulisan kaping pisanan ana blog Jawa iki. Sepisan, jebul rada angel anggonku nemtokake istilah-istilah sing kudu dijarwakake nganggo basa Jawa utawa ora. Contone, akeh istilah-istilah sing sifate teknis sing wis dimangerteni dening para panganggo Internet, kayata: link, browser, URL, lan sapanunggalane. Istilah-istilah kaya mengkono kuwi mau ora dakowahi amrih para tamu ing blog iki ora kagok, sejene aku dhewe ora mudheng yen kudu njarwakake istilah-istilah kuwi mau.

Kaping pindhone, nuwun sewu aku migunakake basa Jawa ngoko, ora kok amarga aku ora ngurmati para sedherek sing wis kersa rawuh ing blog iki, nanging kanggo lancare komunikasi lan supaya ora dadi salah tampa, dak putusake nganggo basa Jawa ngoko lan campuran dak tepakake karo kahanan.

Kaping telune, tulisan-tulisan sing bakal dakpacak ana blog iki tembene akeh-akehe ngrembug masalah pengetahuan lan pengalamanku migunakake teknologi komputer lan Internet. Aku ora seneng mbahas politik, dak kira wis akeh sing wis nulis perkara politik iki, wiwit saka media massa formal nganti blog-blog pribadi.

Mungkasi tulisanku sing sepisanan iki, muga-muga lancar anggonku nulisake pikiran lan ide-ide migunakake basa Jawa iki, amarga iki mujudake pengalamanku sepisanan nulis nganggo basa Jawa. Kritik, saran, lan masukan para sedherek sedaya dak enteni lan dak tampani kanggo nambahi kawruhku.

Nuwun.